Rabu, 17 April 2013

sesorah maulud Nabi


#  SESORAH #
Assalamualaikum wr. Wb.
            Dumateng bapak ibu guru,karyawan lan staf ingkang kinormatan , dumateng adek – adek kelas 7 lan 8 kalian kanca – kanca kelas 9 ingkang kula tresnani , mangga,kita sesaarengan ngunjuake puji lan syukur wonten ngersanipun gusti alloh S.W.T. ingkang tansah paring kasewarasan dumateng kita sedaya sehingga saged makempal wonten smp 1 banguntapan kanti wilujeng amin.
            Para tamu ingkang tansah kinormatan, kula pinangka dumateng wakil sedaya kanca – kanca kelas 9 ngaturaken agunging panuwun dumateng bapak ibu guru 3 taun sampun ngangsu kawruh wonten pawiyatan menika saestu kula lan sedaya kanca nyuwun pangapunten. Kula sakanca ugi nyuwun pamit lan donga pangestu,mugi – mugi saged ketampi wonten sma utawi smk ingkang sampun diidam – idamaken kula sakanca lan mboten kesupen, kula sakanca kelas 9  ngaturaken agunging panuwun bilih bapak ibu guru sampun kersa nggulawentah kanti sehkatresnan dumateng kita. Dumateng adek – adek kelas 7 lan 8, ngunjuk ilmu ingkang temenan, supados bias nggayuh  gegayuhan lan mbombongaken tiyang sepuh, bapak ibu guru lan saklajengipun kula pengijab ijab, mugi – mugi smp 1 banguntapan wonten taon ngajeng saged tambah sae.
            Cekap sementen, mbok bilih anggen kula ngaturaken kathah kalepatanipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar