Rabu, 17 April 2013

Contoh Sesorah Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala SMP Negri 7 Magelang
Bapak, ibu guru ingkang dhahat kinabekten
Para kanca kelas 7,8 tuwin kelas 9 ingkang tansah kula tresnan
Mangga sederengipun nglajengaken acara, kula lan panjenengan tansah ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang tansah paring rahma lan hidayahipun ngantos ing kalodhangan punika kita sedaya saget pinanggih ing papan punika kanthi sehat, kangge ngawontenaken perpisahan. Amien
Para rawuh ingkang kinurmatan
            Salajengipun kula minangka wakil saking siswa kelas 7 lan 8 sedaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan awit saking sih katresnan bapak / ibu guru ingkang sampun nggulawentah lan mulang wuruk kanthi sabar, tulus lan ikhlas. Saengga raka kelas 9 saged ngrampungaken sekolah sadangunipun kirang langkung 3 tahun. Mugi-mugi bapak, ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae saking Gusti ingkang Maha Agung, Amin
Raka kelas 9 ingkang kula tresnani ingkang skedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMP menika, kula minangka wakilipun kelas pitu lan kelas wolu badhe ngaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas 9. Kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking SMP menika kanthi nganthongi ijasah mring SMA.
Kula sakanca badhe ngaturaken pangapura awit kekirangan lan kaluputan kula sakanca. Raka kelas 9 ingkang kula tresnani, kula sakanca ugi badhe ngaturaken matur nuwun paring pitedhah dhumateng rayi kelas 7 lan kelas 8. Kula sakanca boten saged atur pinwales menapa-menapa naming atur matur nuwun wonten ngarsane. Kita namung saged mbales nggangge doa mugi-mugi sukses lan slamet.
Sejatinipun tugas para raka kelas 9 menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula raka kelas 9 kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para raka kelas 9 cita-citaaken saged dipuncapai.
Para rawuh ingkang kanurmatan,
Mekaten ingkang saged kula haturaken. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang, prawila cekap semanten atur kula. Ing wasana, kathah galap gangsuling atur, kula nyuwun angunging pangaksami.
Nama : ikhsantiko aswianto
No       : 14
Kelas   : VIII E (8E)
 
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar