Selasa, 23 April 2013

Cerita Lucu Bahasa Jawa

Cerita lucu Bahasa Jawa pendek singkat yang paling gokil merupakan dari banyak nya ragam judul yang senantiasa meramaikan sebuah kata kunci yang lagi banyak sekali di cari orang ataupun yang paling terpopuler saat ini, dan kali ini saya akan mencoba mengadu nasib dalam pencarian judul tersebut.

Memang banyak sekali yang mengakui bahwa Cerita Lucu bahasa Jawa memiliki suatu daya tarik untuk mendatangkan suasana yang bisa membikin kita senang dan tertawa riang halayak orang yang lagi menikmati suatu pertunjukan humor.

Oleh sebab itu dari pada kita jauh dan memerlukan cukup banyak uang hanya untuk melihat pertunjukan humor mending kita lihat atau membaca cerita lucu yang saya sediakan , kita simak aja langsung:

Cerita Lucu Bahasa Jawa


RIKUN NGUMBAH KUCING 

Rikun tuku deterjen neng warunge Ratno
Ratno: Kun, dengaren kowe umbah-umbah dewek?
Rikun: Aku arep ngumbah kucing..
Ratno: Ora salah kuwe Kun? *Ratno bingung
Rikun: Iya soale kucingku akeh tumane..
Ratno: Lah ya bisa mati kucingmu Kun..
Rikun: Lah tangggaku wingi kaya kuwe kucinge ya ora papa. Kalem no.. Bar mbayar Rikun bali arep ngumbah kucing. Ngesuke Rikun tuku rokok neng warunge Ratno
Ratno: Kun kepriwe kucinge ko? Rikun: Genah mati koh..
Ratno: Lah kuwe.. Tek omongi ora percaya si ko, lah kucing dikumbah karo deterjen si nggo ngapa, mbok ana obat tuma. *sungune Ratno modod..
Rikun: Kucingku mati udu meri deterjene.. Ratno: Lah sih kenang ngapa??!!

 MAS AGUNG DAN GOGON

 Mas Agung : Heh, Lek Gon...timbang nglamun iki aku nduwe bethke'an anyar meneh..
Gogon Joss : Opo meneh....
Mas Agung : Kowe ngerti karepe upacara temu manten kae, gene kok ndadak nganggo ditemukke barang? Gogon Joss : opo yow...nganu, supayane mantene gathuk, lan temu rasane, nyawiji antarane lanang lan wadon..
Mas Agung : Wah, yo pinter jebule....!
Gogon Joss : Wong kene kok,...
Mas Agung : Lha iki terusane....manten kae kok ditimbang dipangku bapak'e, karepe piye iku njal?
Gogon Joss : karepe, manten iku podo abote, ora ono bedane anak'e karo mantune, ngono...
Mas Agung : We lha, isonan jebule...!!!
Gogon Joss : Lho piye to?ku kan wis tau nglakoni...nk kowe kan durung tau, mulane takon
Mas Agung : Ngece ik....
Gogon Joss : Wis takon opo meneh?
Mas Agung : Lha terus Kacar kucur kae opo maksude?
Gogon Joss : Wong lanang aweh guno, koyo nafkah marang wong wadon, biso ngayani, ngayomi lan ngayemi.
Mas Agung : Wah...jan pinter tenan kowe,Lek Gon....
Gogon Joss : Aku ki mboh kok....
Mas Agung : Iki sing terakhir, geneyo manten kok terus mangan sego punar?
Gogon Joss : Mantene kroso luwe, terus mangan, ha...ha..ha....
Mas Agung : Wooo....Iki jelas nk ngawur, kumat....
Gogon Joss : Mulakno ndang rabi, ora usah takon - takon wae
Mas Agung :He..he..he..!!!!!
 -----
 
Esuk iku pas mangkat kerjo,sardot liwat ngarep omahe pacare sing jenenge juminten.
Sardot weruh pacare duwe motor anyar,sardot njur mampir
Sardot =wah motormu anyar yo jum..
Juminten =iyo mas..tp aku durung biso numpak'i..tulung aku di ajari tow mas..
Sardot =ora isoh jum,aku kan arep kerjo..
Juminten =lha terus aku kepiye mas..aku kan pingin isoh numpak montor..
Sardot =yowis ngene wae jum..iku motormu kan matic, anggep wae
kowe koyok numpak pit onthel,dadi rem mburi nang stang kiwo,rem
ngarep nang stang tengen,ngerti ora..
Juminten =iyo mas,aku wis ngerti.
Sorene sardot mulih kerjo ,sardot mampir nang omahe juminten
Sardot =piye jum wis isoh numpak'i motore durung?
Juminten =urung mas...aku wae isih bingung..
Sardot =ealah bingung opo maneh? Kan wis tak omongi,numpak motor
matic iku koyok kowe numpak pit ontel..
Juminten =mangkane iku mas,bingungku iku amargo golek'i PEDHAL MOTOR IKI POSISINE ONO NGENDI???
 
Tri Goro : Lek, jarene MUI rokok iku haram?menurutmu piye kuwi, setuju pora?Nak tak amati kowe ki ketone yo seorang yang rodo religius, mesthine PRO karo MUI
Mas Agung : Yo jelas no setuju, Cah kene kok...!!!
Tri Goro : Lha rak tenan...



Karo ngetokke udude terus di sumet, karo klempas - klempus Mas Agung mangsuli pitakone Tri Goro

Mas Agung : Lha karone gene to, Lek?Ono opo emange?
Tri Goro : ( Karo rodo' gumun Tri Goro takon meneh ) Lho...lha kok saikine malah kedhal kedhul ngono kowe to, Lek?
Mas Agung : Lho piye to, rumangsamu aku ki ngrokok po?
Tri Goro : Wong yo wis jelas ngono kok, kedhal - kedhul ngekep rokok lha kok ngomong ora ngrokok..nalare terus kepriye?
Mas Agung : Jangan salah paham dulu, Lek...Ngene iki, aku ki yo termasuk salah sijine usaha dalam rangka memusnahkan rokok, lha wong jelas rokok iku haram.
Tri Goro : Kok malah tambah gendheng aku yo, Lek sansoyo ra mudheng karep lan maksudmu!
Mas Agung : Saiki ngene...Nak arep ngebong Pabrik Rokok'e yo jelas mokal, sak Indonesia iku akeh cacahe pabrik rokok, yo pora?
Tri Goro : Terus...?
Mas Agung : Iso - iso malah dicekel polisi nak wani ngobong pabrik.Arep ngobong warung sing dodol rokok yo semono ugo, podo wae.
Tri Goro : Iyo masuk akal kuwi,... terusno!
Mas Agung : Yo wis, akhire aku yo mung wani ngobong rokok negene iki mau!
Tri Goro : Lha leh mu ngobong rek karo mbok sedhoti ngono, Lek?
Mas Agung : Njajal pikir, rokok disumet ning nek ora disedhoti, opo yo ono genine, opo yo sido kobong?
Tri Goro : Iyo yo, betul juga...
Mas Agung : Lha iyo to...bener ora?
Tri Goro : Halah, wasis nak kon gawe ukoro...padune yo pengen udud lambemu kecut!
Mas Agung : Hahaha....!!!
Tri Goro : Yo ws kene, tak ewangi ngobong rokok mben ndang ntek...!!!
Mas Agung : Oalaaahh....jebule yo podho PRO ne karo MUI!!!
Tri Goro : Hahahaha...!!!

Humor Jowo : Dadi Dokter Praktek Ning Ndeso

Dino iku Jono sing nembe dadi dokter oleh tugas seko kepalane, dadi dokter bantuan neng puskesmas ndeso..

Pasien pertamane jenenge Sumiyatun, sing nggendong bayi cilik kuru, kaliren, ketoke kurang gizi..

Suharso : ” lare niki biasane mimike susu formula nopo ASI, mbak ? “

Sumiyatun : ” ASI pak dokter.. “

Suharso : ” kok ketoke lare niki kurang gizi … Cobi kulo tingali ASI-nipun, mbak..”

Sumiyatun manut trus mbukak klambine sithik..

Suharso : ” nuwun sewu mbak,,. kulo cepeng nggeh ? Kaliyan ngecek wonten gangguan mboten.. “

Sumiyatun bingung tapi yo manut..

Suharso : ” sae sae mawon kok mbak.. Cobi kulo sedote nggih..medal mboten ASI-nipun.. “

Sumiyatun soyo bingung tapi yo… manut..

Sumiyatun : ” sampun dereng dok? “

Karo klamut klamut Suharso nyauri, ” kok mboten medal ASI-nipun mbak? “

Sumiyatun : ” nggih jelas mboten medal dok,.wong kulo niki budhe-ne.

Cerita Lucu Bahasa Jawa : Numpak Sepur Soko Sragen Menyang Madiun


Sak suwene ndweni pengalaman numpak sepur, Mas Agung dadi nduweni ide kanggo gawe ukoro bethek'an marang kancane, salah sijine yoiku Tri Goro, dhasare pawongane senengane yen dijak omong bab persepuran.



Mas Agung : Lek, kowe numpak sepur wis ping piro?
Tri Goro : Mboh, wis ra ketung,...karone ono opo to?
Mas Agung : Berarti nduweni pengalaman akeh sak jroning numpak sepur?
Tri Goro : Yo mesthine...
Mas Agung : Iki ono bethek'an bab persepuran, piye wani?
Tri Goro : Nak ono katane Bethek'an, mertandhakno jawabane ora sing sak mesthine?
Mas Agung : Ya iya lah...
Tri Goro : Okey....!!!
Mas Agung : Nak kowe ngepasi numpak sepur, tau ngonangi opo ora, stasiun sing jenenge ora wutuh?
Tri Goro : Stasiun kok jenegane ora wutuh, tugel maksudmu?mokal ono...
Mas Agung : E...jenengane ae bethek'an, Lek?
Tri Goro : Wah...ketone aku durung tau tumon.
Mas Agung : Hare wis ra ketung anggonmu numpak sepur?
Tri Goro : Iyo ncene...
Mas Agung : Lha iyo rek...
Tri Goro : Tapi nak stasiun koyok ngono kuwi mau durung tau ngliwati
Mas Agung : Pikiren dhisik, wis tau rung?
Tri Goro : Ah mboh rung tau, ra ngerti...
Mas Agung : Yo wis, sesok kowe melu aku ...
Tri Goro : Ning ndi?
Mas Agung : Sragen
Tri Goro : Lah pow ma?
Mas Agung : Numpak sepur to yo..
Tri Goro : Terus?
Mas Agung : Soko Sragen lagi menyang numpak sepur arah jurusan Madiun
Tri Goro : Madiun....meh dolan gone sopo to?
Mas Agung : E.. bocah iki durung mudheng - mudheng tibak'e
Tri Goro : ?
Mas Agung : Nek soko Sragen menyang Madiun rak yo ngliwati Stasiun Paron to, Lek. iyo ra?Yo kuwi sing diarani stasiun ora wutuh mung separo.
Tri Goro : O...
Mas Agung : a o a o, wis tau durung?
Tri Goro : He he, durung tau...
Mas Agung : Layak, ra iso...wah nk ngene ki dadine yo ora bethek'an meneh no, ora lucu meneh no!!!
Tri Goro : Ha ha ha...
Mas Agung : Yo ws, sesok tetep dolan ning Madiun, kowe mben reti, Lek
Tri Goro : Lha sangune tuku karcis?
Mas Agung : Yo kowe to sing mbayari, salahe ora iso njawab!
Tri Goro : Gah men...
Mas Agung : Ha ha ha...!!!


Tidak ada komentar:

Posting Komentar